√ Marahi Emosi - Coretan Basayev

Marahi Emosi


ANAKKU sing nomer siji lanang dak jenengi Haikal, kelas 3 SD. Anak sing nomer loro isih PAUD, wadon dak wenehi sesilih Humaira. Padinane diceluk Kak Haikal karo Dhik Rara. Bocah sakloron iku sasat saben melek mripate mung padha regejekan bae. Kangmase ora gelem yen dolanan dirusuhi adhine, nanging sing cilik ora bisa yen kudu adoh saka kakange. Kanggoku kahanan mengkono ora dadi apa, malah ora patut yen anak loro ora tau kerengan. Ya mung bundhane sing kadhangkala jengkel ngulati bocah loro kok pijer kerah bae.

Sawijining dina, Kak Haikal muring-muring marang Dhik Rara amarga nalika dolanan robot dirusuhi adhine. "Ana apa, ta, Kak, kok muring-muring bae?" pitakone Bundha ngulati anak lanange bengok-bengok.

Kak Haikal banjur mangsuli, "Humaira kuwi lho, Bun, MMC!"

"Apa kuwi MMC, Kak?"

"MMC ki marahi emosi."


Aku sing lungguh maca buku ora adoh saka bocah-bocah melu krungu semaure Kak Haikal, ora bisa ngempet ngguyu. Apa meneh anak lanangku iku banjur ngomong kanthi jumawa, "Singkatan kuwi ciptaanku dhewe, apik ta? MMC, marahi emosi."

Wengine, wayah mapan turu, wis keliwat jam sanga, bocah loro iku durung iso merem. Dhik Rara wis wiwit mau njaluk dikeloni bundhane, ananging ya isih ana swarane. Kakange sing durung ngantuk ya wegah meneng. Akhire, aku melu gabung nek kamar melu gegojekan.

"Sak iki, ayo dolanan bedhekan. Ayah gawe bedhekan, Kak Haikal karo Dhik Rara gentenan sing njawab," tantangku marang bocah loro kuwi. "Dhik Rara dhisik ya, siap?"

"Siap!" Dhik Rara semangat anggone nunggu pitakonanku.

"Banyu sing mudhun saka langit diarani apa?"

"Udaan!"

"Pinter! Sak iki gilirane Kak Haikal, siap?"

"Siaplah!" Kak Haikal gage masang kuping.

"Apa sebabe wong pada anyel marang wong kang malesan, padahal kan dheweke ora tumindak apa-apa? Hayo, apa wangsulane?"

Kak Haikal katon bingung anggone goleki jawaban. Daktunggu sauntara limang menitan, anakku lanang kuwi lagi gelem nyerah.

"Yakin, wis ora gelem mikir meneh? Ya wis, jawabane gampang banget," ujarku.

"Apa jawabane, Yah?"

"Jawabane ... MMC!"

Kak Haikal melongo. Bundha dumadakan ngakak krungu jawaban pitakonku. "MMC marahi emosi?"

Wakhid Syamsudin
Sidowayah RT 01/RW 06
Ngreco, Weru, Sukoharjo.

Kamot ing Majalah Jaya Baya No. 43, Minggu III Juni 2020 kaca 48 ing rubrik Ana Ana Bae.

Get notifications from this blog

8 komentar

  1. Aku belum ngerti bahasanya. Numpang ktawa aja ^^

    BalasHapus
    Balasan
    1. Kisahnya sama dengan postingan berjudul MMC.

      Hapus
  2. Haikal kreatif bikin singkatan yak... Wkwwkwkkw

    BalasHapus
  3. Apa sih MMC. Mantap mengasah kemampuan bahasa Jawa biar nggak lupa 😆

    BalasHapus
  4. Wkwkwkwkwkwkkwkw.
    Tulis terjemahannya juga Kang. Ini aku sambil mangap mangap loh bacanya. Ada yg tau artinya, ada yg engga.
    MMC!

    BalasHapus
    Balasan
    1. Baca aja di postingan sebelumnya yang berjudul MMC.

      Hapus

Jangan lupa beri komentar, ya... Semoga jadi ajang silaturahim kita.